Dhuh sangang sasi aku
diemban
Dening ibuku ing
madhaharan
Naliko iku ibuku nompo
Kamelaratan kang tumpo-tumpo
Sehingga ibu nyuwun
pitulung
Marang pengeran kang
Maha Agung
Dhuh Gusti Allah Mugi
Panjenengan
Paring selamet lan
kesuburan
Dateng kawula saha
puniko
Bayi kang dereng nate
duraka
Dhuh Gusti Allah Mugi
Panjenegan
Anggampilake ing
kelahiran
Awit margino sanget
rekoso
Nanging panjenengan
Maha Kuwasa
Dhuh Gusti Allah
kawula pasrah
Dateng panjenengan
kang Maha Murah
Carane ibu ora mung
ngemban
Raga nyawaku ing
madhaharan
Tapi kang luwih
mungguh larane
Yaiku mangsa
hanguwatake
Saking larane nganti
iluhe
Nerotos saka netra
kalihe
Sehingga ibu lali
manungsa
tapi ndak lali Dzat
Kang Kuwasa
Tan saya suwe tan saya
banget
Ulihe nyuwun mugi
selamet
Bareng wis lahir ibuku
bungah
Sarana ngucap
alhamdulillah
Tan saya lawas tan
saya nemen
Ngumate ibu dhuh melas
temen
Rina lan wengi ndak
bisa turu
Nganti ragane tan saya
kuru
Soko bengine ulihe
repot
Ngrumati aku ndak tahu
repot
Repot nyusoni nganggo
powane
Repot ngedusi saben
dinane
Repot ngresiki ing
sandhanganku
Ugo ndondomi kerono
aku
Lan njaga aku saka
bahaya
Mengkono iku ndak oleh
kaya
Balik sejane mung
arep-arep
Rahmate Allah sarana
madhep
Wis tah pendeke repote
ibu
Ora sepele lan
ethok-ethok
Saking baguse atine
ibu
Senajan repot ngrumat
nyang aku
Ndak bakal leno lan
ngersulo
Baik asihe kaprah mulo
Saking asihe ibu nyang
yogo
Yen anak loro ibu ugo
Semono ugo yen anak
waras
Ibu ndak telat muji
kang welas
Ngajare ibu marang
awakku
Ndak mergo sengit
marang ragaku
Balik sejane supaya
kita
Dadi menungsa aja
kelunta
Lan jujurake sak
oleh-oleh
Marang awakku supaya
noleh
Marang dedalem kang
bener-bener
Sehinggo aku dadi wong
pinter
Dadi wong mulyo dadi
unggul
Unggulane Allah lan
para Rasul
Lan sekabihe para
ambiya’
Semono ugo poro ulama’
Pendhak ngajare ibu nyang
anak
Dak taqadake tamba
ndak enak
Semongso-mongso tamba
ndak enak
Lumrahe gelis marsake
awak
Sareng awakku
dilahirake
Saka widungan sarana
sae
Banjur romoku nyuwun
nerima
marang pangeran kang
Moho Lomo
Lan nuwuhake marang
sang anak
Mugoho urip sarana
kepenak
Mugoho urip sarana
enteng
Lan mugo-mugo dadi
wong meneng
Lan mugo-mugo dadi
wong pangkat
Ono ing ndunyo lan ing
akherat
Ing sah rening bapakku
dhemen
Duweni anak kang mulya
temen
Mulane nemen ulehe
ngemong
Raga nyawaku kang isih
kothong
Ulihe njaga ing
pangananku
Umben-embenku lan
sandhanganku
Ulihe nandur marang
akalku
Ing pamulangan supaya
aku
Nompo pangerti kang
tulus-tulus
Lan kepinteran kang
bagus-bagus
Lan kepinteran kang
migunani
Lan kekendhelan kang
pinuji
Kawit enom tumeko
sepuh
Margo dayane romo kang
ampuh
Aku memuji karo Kang Welas
Marang Pangeran Kang
Maha Welas
Supaya aku biso
nglakoni
Apa dawuhe bapak lan
umi
Lan aku wajib kudu
mituhuni
Dhawuhe Pengeran lan
Kanjeng Nabi
Lan mugo-mugo enthuk
ridlane
Marang Gusti Allah lan
Utusane
Aku wis ngerti marang
repote
Bapak lan ibu njaga
putrane
Toh apa dene Bapak lan
Ibu
Kang nyebabake aku
kepenak
Ono ing ndunyo kang
rusak
Oh mumpung urip ndak
noto awak
Oh mumpung urip ndak
winakis
Oh mumpung urip ndak
cawis-cawis
Oh mumpung urip
tandhang temenenan
Oh mumpung urip
ngurbanke badan
Urip mbagusi ibu lan romo
Supoyo aku dadi wong
utomo
Lan ngeladeni sak
kuwat-kuwat
Supaya aku nompo
rahmat
Saka ngersane kang
majibake
Marang awake
hangagungake
Lan mbagusi wong tuwo
kaleh
Kelawan ikhlas lurus
penggalih
Lan sekuat-kuat awakku
iki
kudhu ngungguli ing
ngisor iki
Ing satemene ibu lan
bapak
Banget asihe marang
sang anak
Hinggo karone ndak
ngajeng-ajeng
Mugo sianak muga
wilujeng
Hinggo mulyo ndunyo
akherat
Sebab uripe urip
manfaat
Mulane aku kudu
nglakoni
Ing nasehat abi lan
umi
Oo, nerimo ndak mergo
wedi
Balik kerono tuluse
ati
Sebab karone wis
ngaweruhi
Apa kang kito durung
mangerti
Ngabekti iku tingkah
pinuji
Lan nuduhake baguse
ati
Dhuh kari-kari ibu lan
romo
Luweh pareko marang
manungso
Marang awakku mulane
aku
Kudu ngabekti ing wong
tuwoku
Supaya tambah
kadhemenan
Marang awakku saben
dinane
Yen ibu romo ngadeg
karone
semono ugo aku
mengkene
ndak pisan-pisan aku
njur lungguh
senajan lungguh nggo romoh
tamah
lan aku wajib atata kromo
ana ngersane ibu lan romo
ndak ngakehake ing
tatah latah
ugo gelejet lan
tingkah polah
lan aku wajib
hamirengaken
marang dhawuhe
karo-karone
lan mikir-mikir hingga
mangerti
lan angen-angen hingga
ngabekti
lan aku wajib nembung
kang alus
marang karone sarana
alus
serta menganggo gunem
kang bersih
lan suwaraku kudu kang
lirih
aku ndak niru bocah
kang miromo
ing pelungguhan
ngersane romo
lan bocah-bocah kang
padha bosen
amirengake dhawuh kang
temen
hingga ndak weruh
nyatane barang
merga ngeduhi dhawuh
kang terang
balik awakku kang
sregep
hamirengake dhawuh
kang sedhep
gelis nambahi ing
kaweruhan
uga nambahi ing kamulyaan
pendhek ndak ono
barang kang enak
anging dhawuhe karo
ulama’
kapan kapethuk marang
bapakku
ana ing dalan pinuju
mlaku
banjur sayogja aku
salaman
marang bapakku serta
gancangan
lan ugo marang
rewang-rewange
supaya aku nompo
ridhane
rampung salaman njur
aku ngenteni
menawa bapak ngutus
kang gati
yen bapak rawuh aku
pinuju
lungguh ing kursi
mbanjur aku maju
banjur hanyandak
marang astane
sehingga nyusup njaba
njerone
Pancen nyucup marang
astane
Ibu lan romo saben
dinane
Iku dipuji marang
Pengeran
Lan Kanjeng Nabi dadi
utusan
Paringe bapak marang
sang anak
Iku kerono asihe bapak
Mulo sayogja yen aku
nyuwun
Kelawan alus lan matur
nuwun
Aku ndak nyuwun naliko
romo
Ono sandhinge para
manungso
Yen panyuwunku ndak dituruti
Sayogja aku ndak
ngudi-ngudi
Ora sayogja njur aku
nyanak
Perlu nyenyuwun nyang
liyan bapak
Senajan marang
setengah soko
Kancane bapak kang
luwih nama
Dhuh ngene iki perkara
camah
Lan ngasorake ing ahli
omah
Lan nyedahake asore rogo
Alane watak semono ugo
Aku ndak niru ing
bocah-bocah
Kang ngentengake ing
barang omah
Banjur njupuki opo
kang enak
Tanpa nyenyuwun ibu
lan bapak
Yen aku gedhe kudu
nulungi
Marang repote abi lan
umi
Lan luweh luweh ibu
lan romo
Lan uga ibu naliko
tuwo
Serto ngedohi ing
kebosenan
Ugo ngedohi ing
pangersulan
Pendek senajan banget
abote
Utowo banget mungguh
repote
Sok ugo repot kerono
bantu
Marang sang romo ugo
sang ibu
Ndak pisan-pisan njur
aku nesu
Marga nuruti ing hawa
nefsu
Yen salah siji soko
wong tuwo
Ngutus aku ing siji
dino
Mongko ndak pikir iki
perintah
Rasa-rasane nerajang
salah
Banjur atiku kudu kang
jembar
Saka tumerep kelawan
sabar
Uga maringi sak
wayah-wayah
Ing keterangan kelawan
genah
Sehingga manut kelawan
seneng
Ing penjawaban anak
kang ganteng
Syiiran iki
diangen-angen
Kanggo putrane kang
mirengaken
Lamun ndak tutur
semono bae
Ugo parnaca anggepa
sae
Mulo diwaca lan
diapalke
Ing tingkah laku saben
dinane
Ringkese syair lamun
ngreksane
Kudu direksa
putra-putrine
Kawit bayi hingga
dewasa
Ndak terangake ing iki
yoso
Yekti sesak iki
syehifah
Uga pamoco kerasa
payah
Mulo ndak tutur
sethitik bae
Tapi pamoco nganggepa
sae
Mugi syukur marang gusti
Allah
Krana rahmate kang
Maha Murah
Muga-mugaha pintu
pitudhuh
Saka ngersane Kang Maha
Asih